Contoh Dialog Bahasa Jawa


Mitro Suwe

Gambar terkait
Dialog adalah percakapan antara 2 orang atau lebih, atau dialog dapat diartikan juga sebagai komunikasi yang mendalam yang mempunyai tingkat dan kualitas yang tinggi yang mencangkup kemampuan untuk mendengarkan dan juga saling berbagi pandangan satu sama lain.

Danang         : He Mahendra piye kabarmu?
Mahendra   : Sehat Danang , Lha kowe piye ?
Danang         : Yo podho-podho sehate . Kowe saiki kuliah ning ndhi?
Mahendra   : Prapatan Demeling , danang
Danang         : Sing genah tah , kowe tak takoni sing apek malah dagelan
Mahendra   : Yo sorry , nang.
Danang         : Nang-nang , ndasmu
Mahendra   : Danang maksudku. Makane jenengmu gantinen Parjo
Danang         : Oh ngono kwe , tek ngono jenengmu tak undang Tukimen
Mahendra   : Hahaha mending kwe muliha wae
Danang         : Piye tah wis suwi ora ketemu malah mbok kongkon muleh
Mahendra   : Hahaha Guyon , Danang.
Danang         : Ngomong-ngomong kowe saiki kuliah ning endhi? Kawet mau durung kok kandani
Mahendra   : Saiki aku kuliah ning Universitas Indonesia
Danang         : Wah kowe tek kalah karo aku
Mahendra   : Lha kowe saiki kuliah ning ndhi ?
Danang         : Aku kuliah ning Oxford University , London.
Mahendra   : Tek sangar kowe , Danang . Iku temenan tah orak?
Danang         : Yo temenan raaa...
Mahendra   : Kapan-kapan aku dijak ngo rono lhoo , Danang .
Danang         : Yo tek kowe mampu
Mahendra   : Oh kowe tek ngono , Danang . Podho-podho koncone sek orak oleh melu .
Danang         : Orak-orak guyon . Yo kapan-kapan tek kowe ono dina preinan . Ngko tek kowe ning kono kowe tak ajak ndelok wong bule seksi-seksi.
Mahendra   : Ok , Danang . Wah syahdu tenan , temanan yoo
Danang         : Yo yo
Mahendra   : Menowo aku ning kono enthok kenalan bule ak tambah syahdu
Danang         : Kok isa ? . Kateran basa Inggrismu lancar ? Maca wae isih plegak-pleguk . Apa meneh enthuk wong bule hahaha
Mahendra   : Lho kowe gak reti aku , aku iki ning Universitas Indonesia jikuk jurusan Hubungan Internasional kok . Dadi yo Basa Inggrisku saiki wes lumayan
Danang         : Lha bule sing kok ajak ngomong-ngomong basa spanyol , kowe arep ngomong apa ?Hahaha
Mahendra   : Yo mengko tak omongi basa jawa raaa , Hahaha
Danang         : Hahaha rak nyambung .
Mahendra   : Lha kowe jupuk jurusan opo , Danang ?
Danang         : Aku ?? Kowe ngerti dewe si kek
Mahendra   : Alah paling kowe jipuk jurusan ilmu sejarahwan
Danang         : Yo Pasti , Aku kan pengen dadi arkeolog hebat sing iso keliling dunia
Mahendra   : Yo Amin , masamu Game GetRich tah opoo??
Danang         : Hahaha raimu sok-sokan maen karo aku kalahan ngono
Mahendra   : Hahaha kok iso?? Apane kowe sing kalah ngono kok...
Danang         : Kowe malah nggapah , Kartumu wae iseh C ngono kok
Mahendra   : Kaki ayam , kowe sing malah nggapah
Danang         : Hahaha , kowe ning kene karo sopo ??
Mahendra   : Dewean , Danang . Lha kowe ?
Danang         : Lhayoyo kowe kaet kae sampek saiki dewean wae , koyok aku tah karo pacarku . Kapan kowe ndue pacar??
Mahendra   : Kowe iku malah nggapah tah ngepas ake???
Danang         : Nggapah karo ngepas ake aah mahendra , Marai kowe gendut dadi sing seneng podo wae gendut
Mahendra   : Aku gendut iku cuman pura-pura ,Danang. Cuman bentol-bentole wae merata
Danang         : Hahaha , kowe sampek saiki kok iseh dagelan wae .
Mahendra   : Sing Dagelan malah sing awet enom kok , Danang.
Danang         : Berarti aku awet enom yoo??
Mahendra   : Kok iso?
Danang         : sing dagelan aku kok
Mahendra   : Apane raimu ketok tuo ngono kok
Danang         : Hahaha , nyindir alus
Mahendra   : Kowe saiki manggon ndi ?
Danang         : Aku saiki ning Jepara , mergone aku mbalik kangen karo keluarga . Lha kowe saiki manggon neng ndi?
Mahendra   : Ning Solo , Danang . Ayo kapan-kapan tak jak ngo omahku
Danang         : Yo mengko nek ono waktu
Mahendra   : Koyok wong sibuk wae tah , Danang.
Danang         : Ancen saiki aku sibuk teros kok
Mahendra   : Sibuk ngopo tah ? nerusake bisnise bapakmu?
Danang         : Orak saiki aku syuting terus , maklum si saiki aku aktor
Mahendra   : Aktor majalah dewasa , Danang?? Hahaha
Danang         : Orak aku aktor hollywood , mosok kowe rak reti filmku
Mahendra   : Apane ngiseng wae tah , rak tau ndelok TV danang . Rak ndue Tv
Danang         : Ojo koyok wong ndeso tah , mosok kuliahe ning UI og rak ndue TV. Diguyu Pithik aah nang-nang
Mahendra   : Hahahaha
Danang         : Eh aku sek apeh lali , aku njalok nomermu ?
Mahendra   : Nomerku akeh , kowe njaluk sing ndi?
Danang         : Sing iso dihubungi wae
Mahendra   : Oh yoo iki , 081888999666 angger misscallen danang
Danang         : Yoo Mahendra
Mahendra   : Iki wes melbu nomermu
Danang         :Oke , Eh wes Sek yoo. Iki wes sore , Pacarku orak oleh muleh sore-sore
Mahendra   : Oh yo Danang . Ati-ati ning dalan
Danang         : Okee Mahendra, see you.
Mahendra    :See you, Danang

0 Response to "Contoh Dialog Bahasa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel